Sunday, August 17, 2014

Rodhaning Panguripan

Tunggak-tunggak jati kang mati
Tunggak-tunggak jarak kang mrajak
Kesingkur, kesikut, kepidak
Kasoran, kidonan, kudanan
Kasubya-subya, kondhang kaonang

Srengenge anyar wis jumedhul
Tunggak-tunggak jati semi
Kembang-kembang jarak alum

Thukuling wiji-wiji jati
Gogroging godhong-godhong jarak

Ora langgeng

Nalika angin kapitu tumiyup

Tunggak-tunggak jati mrajak
Tunggak-tunggak jarak mati


Yogyakarta, Agustus 2014