Sunday, September 13, 2015

Aku

Aku dudu salah siji saka ewoning titah kang sampurna
Aku dudu salah siji saka ewoning wanodya kang nduweni budi utama
Aku mung salah siji saka ewoning pawongan kang seneng dora
Aku mung salah siji saka ewoning janma kebak dosa

Aku dudu salah siji saka ewoning anak-turun trah panguwasa
Aku dudu salah siji saka ewoning titisan brahmana
Aku mung salah siji saka ewoning rakyat jelata
Aku mung salah siji saka ewoning kaum sudra

Aku dudu salah siji saka ewoning ahli agama
Aku dudu salah siji saka ewoning wanita kang duwe pamikiran diwasa
Aku mung salah siji saka ewoning wadon kang duwe watak candala
Aku mung salah siji saka ewoning jalma kang seneng cidra, ngojahake tembung mawa wisa

Yen kabeh wong wis mangerteni sakabehing iku
Apa bakale isih ana sing tresna marang aku?



Yogya, 13 September 2015

Tuesday, September 8, 2015

Orangutan

Orangutan, mrana-mrene mung dadi korban alih fungsi hutan
Rupak susuhmu, ciyut dalan panganmu
Alas-alas entek dibabat, ambane kari sakilat
Nggegirisi, kahanan anak-turunmu saya muwatiri
Gilar-gilar lemah cengkar, kasulap dadi kebon sawit pirang-pirang hektar
Uripmu mung kayadene dinggo bal-balan
Tumbal sing disrekal ora bisa uwal
Aclum guwayanmu, ngelingi dina-dina sing sansaya katon klawu

Nunggu pletheking surya kamardikan, kapan dina kuwi bakal tekan?


Yogyakarta, 09092015