Wednesday, February 3, 2016

Tanpa Irah-irahan

Katresnan iki mung keplok sesisih
Katresnan iki wis gawe sliramu ngadoh
Katresnan iki ora kuwawa nyandhet jangkahing sikilmu
Katresnan iki pancen dudu katresnan antaraning priya lan wanita
Katresnan iki uga dudu katresnan antaraning sedulur tunggal simbok
Katresnan iki mung kepengin ngraketake paseduluran sing nate kasambung

Tuesday, February 2, 2016

Crita Dina Iki

Nrabas deresing udan, sakdawaning dalan UGM-Kalasan
Sakwise tekan papan tujuwan, pranyata si bapak nulak lamaran
Jer pancene dudu dalanku golek sandhang pangan
Bali cengkelak sawise rumangsa ora ana dalan sidhatan
Kelingan entuke jungkir-jempalik ngasi ora kolu mangan
Tekan kos langsung mbanting awak ing ndhuwur dhipan
Mbuh lah ora arep mikir sing ora bisa gawe aku mesem kalegan!


Gurit kanggo Sedulur(ku)

Aku njomblak, dikagetake dening apa sing taksawang ing sosial media
Kasusul klesak-klesike mbok bakul sinambi wara
Ndadekake aku nduweni panduwa ala
Blangkemen, angel kanggo ngrakit ukara
Ing atiku tuwuh pitakonan : saktemene ana apa?

Sedulurku, aku kepengin sliramu blaka suta
Geneya  kudu wedi marang titah sapadha?
Yen ing donya padha dene mung ngawula
Geneya  kudu dadi wong liya?
Yen mung amarga kepengin diakoni lan dipuja

 Sedulurku, yen iki perkara wigati lan mujudake wewadi
Bakal taksimpen kanthi premati
Nanging aku kepengin nyuntak apa kang dadi prenthuling ati
Geneya  kudu ngurbanake duwekmu sing paling aji?
Yen mung amarga ana salah sijining fobia sing blas ora mbejaji
Geneya kudu wedi marang sing nyebar pepati?
Yen kanthi mati sliramu isa nyuwarga ing panguripan sejati

Sedulurku, ora ana niyat nyampuri panguripanmu ing njaban rangkah
Apamaneh niyat nyecamah lan gawe pitenah
Aku ing kene kaya wong susah
Amarga apa sing saktemene dumadi pancen durung genah
Ora ngerti endi sing bener lan sing salah
Aku mung ora kepengin sikilmu luwih adoh jumangkah

Sedulurku, apuranen aku yen wis kuwawa gawe runtiking manah
Aku mung kepingin ngudal apa kang ndadekake wetengku sebah


Yogyakarta, 2 Februari 2016