Friday, March 11, 2016

LGBT (2)

Lali yen putune wis ana pitu
Gayane necis kemakine ora umuk
Blaba loma, dhuwite bral-brul metu
Tua-tua keladi pancen ora kena ndelok klimising bathuk

LGBT (1)

Lemu
Ginuk-ginuk,
Bokonge sak-
Tampah

Thursday, March 3, 2016

LGBT

Luwe, kemrucuk unine wetengku
Gluweng-gluweng panonku, ngempet pangrasa
Bola-bali mung isa nggeget lambe, ngulu idu
Tujune ana mbok Ginem gita-gita marani aku karo nggawa sega goreng pete

Yogyakarta, 4 Maret 2016