Saturday, June 25, 2016

Pawadonan ing Slangkangan

pawadonan ing slangkangan
diduweni wong wadon disenengi wong lanang
wewayangane tansah ndadekake pikiran nglambrang
seger dilamunake sinambi sangga uwang
pawadonan ing slangkangan
akeh sing malih dadi jajanan
diobral kanggo nguja kesenengan
dening mudha-mudhi sing pacaran
apadene pasangan ilegal saknjabane status bebojoan
padha ora krasa yen wis dadi gedibale nepsu setan
pawadonan ing slangkangan
ing njerone ana simbol kautaman
kanggo menehi sliramu pangurmatan
ora mung sawijining lambang kanikmatan



Yogyakarta, Juni 2016

Thursday, June 9, 2016

Wong Wadon Kaya Babon

wong wadon kaya babon
ngemong anak-anake karo luru pangan turut kebon
rila kepanggang srengenge katimbang kakehan kasbon
wong wadon kaya babon
nasibe pancen ora tumon
sawise si jago kecanthol randha kidul protelon
uripe morat-marit kaya buruh di-PHK tanpa pesangon
wong wadon kaya babon
mrana-mrene kenyunyuk geni pasemon
ora sithik omongan sing nggatelake pangrungon
wong wadon kaya babon
tanpa rowang mecaki paiting lelakon
kesampar-kesimpir dadi guyon
nglenggana yen urip ora mung kebak gugon tuhon



Yogyakarta, Juni 2016

Monday, June 6, 2016

Bocah Ayu Kaya Asu

bocah ayu sing tindak-tanduke kaya asu
tansah tut wuri menyang ngendi wae bendarane mlaku
mokal njegog yen ora diganggu
sapari polahe mesthi gawe guyu
lulut lan lucu
bocah ayu sing tindak-tanduke kaya asu
prasetyane tan kena diwatesi wektu
nanging tetep ana sing tega ndadekake babu
apa saderma papan kanggo nyuntak hawa nepsu
nganti awak lan ati remuk rempu
bocah ayu sing tindak-tanduke kaya asu
sambat sebute ora ana sing maelu

Yogyakarta, Juni 2016