Saturday, July 16, 2016

Bayi Abang

Bayi abang nangis ndrenginging ngeres-eresi
Nggetuni geneya kudu lair ing jaman saiki
Nanging kabeh wis dumadi
Ora ana gunane wadul marang Gusti
Amarga pilihane mung mati apa wani nglakoni

Bayi abang golek sisik melik sapa sejatine biyunge
Wadon sing dinunuti guwa garbane sangang sasi punjul suwene
Sing bakal menehi banyu susu saka payudhara sing gumandhul ing dhadhane
Nanging pancen mung gawe cuwa sakwise nyumurupi saknyatane
Biyung ora rila kelangan gunung endah sing mencutake
Uwis bisa dibedhek apa sing dumadi candhake

Bayi abang lemu glewa-glewo mencutake ati
Sanadyan sabendinane mung ngombe susu sapi
Nanging bayi abang wis rumangsa kepotangan budi
Yen pedhet-pedhet kuwi ora mundur ngalahi
Ora mokal dheweke wis kependhem siti


Yogyakarta, Juli 2016