Wednesday, August 2, 2017

Jodho

Ujaring kandha, jodho iku kaya wewayangan ing kaca pangilon
Watak lan tindak-tanduke bakal padha dene ngganepi tumraping jalma sakloron
Ujaring kandha, jodho iku yen bisa tansah reruntungan tumekaning pati
Tresna kang semi bakal terus ngrembuyung jroning ati
Ujaring kandha, jodho iku yen duwe praupan kayadene jambe sinigar
Nglakoni urip bebarengan nadyan sok suntrut sok bingar
Ujaring kandha, jodho iku ora bakal kijolan
Ana wae dalan saka Gusti, teka tanpa sangkan-sangkan
Ujaring kandha, jodho iku sigaraning nyawa
Separoning jiwa nadyan ora sakraga



Yogyakarta 02082017
©NLS