Monday, April 28, 2014

Pirsanana Putu-Putu Panjenengan, Mbah

Geguritan iki dakgawe nalikane aku melu lomba maca geguritan ing pengetan Dies Natalis UGM kang kaping-64 sasi Desember 2013 wingi. Nanging amarga ana tugas kuliah, aku wurung melu lomba kasebut(Hla njuk terus piye cuk?) Hahaha.



Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah
Sandhang panganggone sarwa gumebyar, ngumbar wewadi kang kudune tansah disingidake kanthi premati

Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah
Sing lagi kembul bojana adrawina, ngrahabi maneka warna jajanan saka negara manca, sarwa mirasa, nanging wis ora tepung karo thiwul apamaneh sega megana

Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah
Apal sakabehing tembang landa, nanging mung bisa pecuca-pecucu nalika ngumandhangake Indonesia Raya

Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah
Akeh sing wis padha lali purwa duksina, lali sakabehing pituturing wong tuwa

Keli kentir dening ilining banyu kamardikan, ora preduli budaya bangsa sing kagerus rodhaning jaman

Aku Bisa Edan

Aku suwe-suwe bisa edan
Urip ing donya tanpa panggaotan
Ora bisa nukokake susu si Kenang
Apadene nyaur utang

Aku suwe-suwe bisa edan
Sabendina dipilara dening juragan
Dadi pangewan-ewan
Kasampar sakparan-paran

Aku suwe-suwe bisa edan
Ora kumanan kabagyan
Sing dirasakake dening liyan
Mung bisa nangis kejer nggetuni kahanan

Aku suwe-suwe bisa edan
Urip mubra-mubru nanging tanpa rowang
Apadene sanak kadhang
Kayadene layangan tanpa cinancang
Kabur kleyang kanginan
Kijenan

Aku suwe-suwe bisa edan
Bisa wareg mangan
Nanging tansah ora nggawe kalegan
Sakdurunge duwe sedhan

Meneng kabeh!
Kowe, kowe, lan kowe kabeh, tansah elinga Gusti mesthi paring pangayoman
Pepadhang kanggo sing cedhak cecaketan
Ikhlas mring pawewehing ingkang Mahawikan


Jogja, 28 April 2014