Sunday, July 23, 2017

212

Bocah bajang akulit abang dluwang 
Mripate sing sipit tansah plirak-plirik pendirangan 
Tanpa sabawa tega nguncalake mawa ing ndhuwur padhepokan 
Wusana, mak bul! Geni mulat nyamber sembarang kalir
Mahanani  sing wis kepati padha nglilir
Cantrik-cantrik mlayu salang tunjang 
Kaya kuthuk diuber garangan
Sigra sang Pandhita cancut taliwanda 
Tumandhang nyandhet lakune sing wis kumawani gawe prahara
Nanging ndilalah kersa-Ne Ngallah 
Si Bajang ora ngrumangsani salah 
Tansah selak yen wis agawe dredah


Warta kanthi cepet sumebar ing saindenging tlatah kraton
Akeh sing ngundhamana si Bajang amarga rumangsa melu ketaton 
Nanging ora sithik sing ngatonake  pasatujon
Pancen mulya dadi punggawa kinasihe Sri Baginda Raja sing duwe abdi cacah ewon
Njalari si Bajang tansaya gumedhe nganggep kabeh iki mung saderma guyon
Ora ngertiya  sing dioprak-oprak jebul omah tawon

Yutan cantrik lan pandhita ngebaki balairung
Ora ana krenteg sakliyane atur penyengkuyung
Marang sedulur nunggal pratapan senajan beda bapa-biyung
Nyawiji, ndedonga njaluk pitulung marang Sing Maha Agung

Apa sing dumadi candhake uwis kena dibadhe
Prajurit kraton ngrangket bocah bajang sing turah lambe
Nanging kabeh mung samudana, amarga Nyai Andaka melu cawe-cawe
Muspra, nyatane mendhung isih nggameng nutupi sunar srengenge



Yogyakarta 23072017
© NLS