Thursday, November 12, 2015

cerkak : Indra & Nastiti

Cerita pendek ini saya buat tahun 2011. Pernah saya kirim ke redaksi majalah Panjebar Semangat, tapi apa daya nggak lolos. hehehehe

Selasa esuk kuwi srengenge wis mlethek ing brang wetan, nanging Nastiti tangine kawanen, amarga mentas lembur sinau ngasi kenthong 1. Pancen dina iki ana ulangan Kimia. Kanthi nubras-nubras tanpa sarapan, cewek manis iku mlayu-mlayu tumuju sekolahane kang adohe 400 meter saka omahe. Beja dene dheweke ora telat, tekan sekolahan isih jam pitu kurang limang menit.
Kanthi ambegan kang isih ngos-ngosan, Nastiti tumuju kelase, kelas 12 IPA 4. Durung ngasi nyelehake bokong, Indra, kancane sekelas sing kondhang kadidene bocah paling ndregil saksekolahan iku mapag Nastiti kanthi esem kang nggodha. Nanging Nastiti cuek wae, malah terus ngloyor tumuju menyang mejane. Indra nututi.
“Nas, sombong banget sliramu sakiki, diesemi malah mbesengut nglungani!”, panyaruwene Indra sinambi lungguh njejeri Nastiti.
“Mbuh ! jawabe cekak.
“Lho? Ana masalah?” pitakone Indra.
“Ora! Wis ah aku arep sinau !” Nastiti malah semu nundhung Indra.
Sing ditundhung ngrumangsani, nuli menyat ngalih saka jejere cewek rambut lurus iku. Sejatine, menawa ora ndregil ngono, Indra bisa dadi bintang sekolah. Dhasar nduweni rupa bagus, dedeg piadeg memper atlet basket, uteg lumayan encer, aktif melu ekstrakurikuler pecinta alam, lan sanadyan ndregil marang kanca-kancane, dheweke ora ninggal subasita marang guru utawa wong liya kang luwih tuwa. Nastiti dhewe meneng-meneng uga mambu ati marang cowok kanthi bintang Gemini iku.
Rampung ulangan Kimia, kebeneran langsung bel ngaso. Bocah-bocah langsung padha njujug kantin. Mulihake tenaga kang wis kaperes dinggo mikir soal-soal reaksi reduksi-oksidasi mau sing   ngudubilah. Nanging Nastiti malah tetep ana kelas, dheweke krasa kedhuwung banget. Yagene saka 10 soal uraian, dheweke mung isa nggarap 6. Kaya-kaya olehe sinau ngasi sewengi muput muspra. Luhe meh ora bisa kabendung maneh. Nastiti iku kawentar kanthi paraban Master of Kimia, yen dheweke ngasi entuk biji jeblog ing ulangan kimia, ateges dheweke ora bisa eksis maneh. Mesthi dheweke bakal isin banget marang kanca-kancane, apamaneh karo Bu Yanti, guru Kimia kang kerep mbombong dheweke ing sangarepe kanca-kancane. Saliyane iku, dheweke uga lagi patah hati, kang nyebabake dheweke rada uring-uringan.
Indra kang kawit mau nggatekake sapari-polahe kenya ayu iku nuli nyedhaki. Sing dicedhaki malah mlengos.
“Kenengapa ta Nas, kawit mau esuk kok sikepmu beda karo biyasane?” pitakone Indra sinambi lungguh ing kursi ngarep mejane Nastiti.
Sing ditakoni mung meneng wae. Malah katon ora preduli nalika Indra mandheng dheweke kebak teges.
                “Mbok ya crita-crita karo aku nek ana masalah ki, sapa ngerti aku bisa ngewangi ngrampungne masalahmu?” panyambunge Indra
                “Ora sah sok perhatian karo aku, mendhing kowe ngurusi pacarmu, si Dita kae wae!” jawabe Nastiti sengol gawe kagete Indra.
                “Lho, lho, lho, kok tekan Dita ta? Aku takok apik-apik lho cah ayu, kok malah sewot ta?” Indra nanggepi
                “Lho, lha pra si Dita kae pacarmu? Wingi-wingi aku weruh kowe lagi mboncengke dheweke mesra banget!” sambunge cewek kanthi jeneng komplit Nastiti Ayudewi iku karo  ngadeg lan semparet lunga.
                Indra kang ditinggal lunga mung dheleg-dheleg. Yagene si Nastiti sing adate sumeh lan tansah sumringah iku kok dadi judes banget marang dheweke. Dieling-eling dheweke durung tau ngrusuhi dheweke apadene natoni atine. Lan kenengapa Nastiti malah ngatut-ngatutne Dita, kancane beda kelas kang uga putrane budhene iku. Pancen dheweke wis ana 4 dina iki  mboncengake Dita terus, ngeterake mulih, tapi apa salahe?? Apa Nastiti cemburu?! Apa mungkin Nastiti ngesir bocah ndregil kaya aku? batine Indra.
                Sakbubare sekolah, kaya padatan, Indra ora langsung mulih, nanging isih kumpul-kumpul ing base camp pecinta alam. Sorene, watara jam setengah lima, dheweke lagi mulih. Omahe Indra pancen rada adoh saka sekolahan, watara 6 Km.
                Ndilalah, sore kuwi, ngepasi Indra liwat ing ngarep omahe Nastiti, cewek pakulitan putih mrusuh iku lagi nyirami kembang. Indra ngerim sepedha motore nggeget. Nastiti kang kaget amarga krungu suwara sepedha motor kang direm ndadak nuli menyat nggoleki sumbering swara. Bareng ngerti menawa sing numpak sepedha mau Indra, Nastiti langsung cengkelak bali. Indra banjur mudhun saka sepedhane, nututi Nastiti.
                “Nas, enteni ta! Aku arep ngomong penting!” pangundange Indra rada sora.
                Nastiti tumoleh, nuli nyambung, “ Ngapa?”
                Ibune Nastiti  kabeneran lagi metu saka njero omah, arep menyang warung, weruh anake wadon lagi caturan karo kancane ing kebon ngarep omah, nuli aruh-aruh.
                “Nas, ana tamu iki mbok ya dijak mampir, lungguh-lungguh nang teras kene, mosok gek ditogne ngadeg ing kebon ngono! Saru ta ya!” panyaruwene Bu Wanti, ibune Nastiti.
                Nastiti nuli ngajak Indra lungguh ing kursi teras.
                “Ana apa maneh Ndra?” Nastiti mbukani rembug, wis rada sareh.
                “Aku mung pengin takon, yagene 4 dina pungkasan iki, sikepmu marang aku dadi beda? Tulung jawaben Nas, apa aku duwe salah marang sliramu?” Indra takon to the point.
                “Sabenere kowe ora salah, sorry yen sikepku dadi kaya ngene.” Semaure Nastiti karo ndingkluk.             
               “Lha terus geneya?” Indra mbodhoni.
                “AKU CEMBURU! Merga kowe jebule wis dadi pacare Dita! Jawabe Nastiti kanthi praupan abang mangar-mangar.
                Indra njomblak, ora ngira jebul cewek sing wis suwe disir iki pranyata nduwe rasa kang padha nyang dheweke. Nanging, dheweke isih bisa ngendhaleni bungahing atine.
                “Sabenere, aku uga tresna marang sliramu Nas, lan mangertiya, menawa Dita kuwi putrane budheku, yen ora percaya, takona marang bocahe. Lan, apa gelem sliramu ngancani aku, mecaki dina-dina endah bebarengan?” sumambunge Indra karo mandheng Nastiti

                Nastiti ora semaur, mung mesem ngujiwat karo genti nyawang Indra. Nanging, sanadyan ora njawab, Indra yakin menawa Nastiti gelem minangkani panjaluke. Kanoman loro kang lagi kayungyun  kuwi mung mesam-mesem sawang-sinawang. 

Bumi Krodha

Kali lan kedhung ora rumangsa bingung
Nalika manungsa ngangsu banyu lan ciblon mbligung
Kepara malah gumuyu, ambegan landhung
Lemah-lemah ora rumangsa dicecamah
Nalika manungsa ndadekake tegal lan sawah
Kepara malah bungah, ngguyu renyah
Wit-witan lan tanduran ora rumangsa dipaeka peksan
Nalika manungsa ngundhuh sawernaning woh-wohan
Kepara malah mesem kalegan
………………………………………………
Nanging manungsa sansaya dremba
Rumangsa dadi titah paling kuwasa
Adigang adigung adiguna
Ora krasa
Saiki wis tekan titi wancining males karma
Nalika bumi wis ora kuwagang ngampet perihing pangrasa


Yogyakarta 12 November 2015