Sunday, June 11, 2017

Sandiwara



Bisa wae pawongan sing mbokparabi kanca, nganggep kowe ora luwih saka beling-beling kaca sing tanpa guna
Bisa wae pawongan sing mbokparabi sedulur, nganggep kowe ora luwih saka sulur gulma rumambat sing kudu dijur 
Bisa wae pawongan sing  mbokanggep kanca, marabi kowe kadidene wanara ala sing cacat rupa
Bisa wae pawongan sing mbokanggep sedulur, marabi kowe kadidene bungur kebo kebak mala lan jamur
Ing donya iki pancen akeh wong sing paribasan menehi es degan nanging  diwales nganggo banyu korahan


Bisa wae pawongan sing tansah disubya-subya,  sejatine ora luwih saka ama sing dhemen nyebar pituna
Bisa wae pawongan sing katon ampuh lan pinter, sejatine ora luwih saka uwuh sing anggandha banger
Bisa wae pawongan sing tansah mesem sumringah, sejatine mendhem mawa panas mongah-mongah
Bisa wae pawongan sing katon necis mrebawani, sejatine akeh tumindak nalisir sing gawe giris lan nyiutake ati
Ing donya iki pancen akeh wong nyingidake raine sing wengis ing suwaliking topeng-topeng manis





Yogyakarta, 12062017
©NLS