Sunday, January 26, 2014

Kaget

Aku wis ora kaget
Yen ta kowe dremba mangan dhuwite andhahanmu, ngumbar hawa nepsu
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe ngrusak pager ayu, nguja kekarepaning setan
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe munasika pepadha, ditulung menthung
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe wis dadi pawongan rai gedheg, mrana-mrene ngagungake kuwasa, semu!
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe wis nyamudana sakabehing crita, sakabehing lelakon
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe seneng mblenjani janji-janji, pancene turah lambe
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe kagulung banjir, kentir, lan modar kentekan hawa, pancene ngundhuh pokal gawe
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe nekad lampus dhiri, pati kang nemahi sliramu wis udu bab kang wigati
Kowe, kowe, kowe, lan kabeh sedulurmu tunggal babon
Becike pancen musna saka lumahing bumi, diuntal kewan alas apadene kecemplung kawah mongah-mongah
Kabeh bakal mangayubagya, keplok-keplok parisuka!


Wonogiri, 26 Januari 2014


Tuesday, January 14, 2014

Nalika Si Begal Mati (Dipateni?)

Jancuk!
Aku saiki wis modar njrebabah
Ngrungkebi lemah
Dibedhil salah siji kanca bromocorah
Rebutan bandha asiling ngrayah
Lan uga ngrudhapeksa si nyonyah

Asu!
Aku wis ora bisa ngrahabi inuman enak
Wisky, ciu, apadene arak
Saiki mung bisa merem kanthi nyunggi dosa sakdhunak

Bajingan!
Kaningaya temen nasibku
Luwih becik urip ning donya sanajan ta amung mangan sega krawu
Nang kene kayadene iwak mlebu wuwu
Ora bisa ngobahke tangan lan sikil apadene gulu
Kinunjara ing papan pasiksan pirang-pirang ewu windu

Bedhes elek!
Rasa kadhuwung ora ana guna
Bakal nambahi rujiting jiwa
Amung bisa nyenyuwun mring Ingkang Mahakuwasa
Gusti, mugi Panjenengan kersa paring pangapura


Wonogiri, 15 Januari 2014


Sunday, January 12, 2014

Yesung

Yesung
Dudu titah anak turuning manungsa apamaneh jeneng janma saka laladan korea
Yesung
Amung kudangan saka jinising sato kewan awujud kura-kura
Werna ireng-wilis, yen mlaku megal-megol lucu nggemesake
Wis rong taun punjul ngenggoni kothak kaca rupak, kanthi banyu kang arang diganti
Ambu kang nduleg irung binarengan karo sliramu kang kumudu ucul, nginggati getiring kahanan :
KINUNJARA!
Yen ta aku iki nduweni kuwasa, wis wiwit mula sliramu uwal saka sakabehing lara-lapa