Tuesday, January 14, 2014

Nalika Si Begal Mati (Dipateni?)

Jancuk!
Aku saiki wis modar njrebabah
Ngrungkebi lemah
Dibedhil salah siji kanca bromocorah
Rebutan bandha asiling ngrayah
Lan uga ngrudhapeksa si nyonyah

Asu!
Aku wis ora bisa ngrahabi inuman enak
Wisky, ciu, apadene arak
Saiki mung bisa merem kanthi nyunggi dosa sakdhunak

Bajingan!
Kaningaya temen nasibku
Luwih becik urip ning donya sanajan ta amung mangan sega krawu
Nang kene kayadene iwak mlebu wuwu
Ora bisa ngobahke tangan lan sikil apadene gulu
Kinunjara ing papan pasiksan pirang-pirang ewu windu

Bedhes elek!
Rasa kadhuwung ora ana guna
Bakal nambahi rujiting jiwa
Amung bisa nyenyuwun mring Ingkang Mahakuwasa
Gusti, mugi Panjenengan kersa paring pangapura


Wonogiri, 15 Januari 2014


2 comments:

  1. Wooo.. sangar tenan..
    Cen aku rodo ora ngerti artine, tapi yen scra umum ngeri nad..
    Kowe kok sangar e nad iso ngerti boso sampek diksi2 kui,
    Sig cobo tak telaah beberapa kata sing aku rung ngedong..
    Masukanku ora neng ngon boso tapi yo, durung mudeng kabeh soale..

    ReplyDelete
    Replies
    1. makasih jeng Rani, udah nyempetin buka, baca, dan komen postinganku ^^
      aku taunya semua dari BACA, jeng. kebetulan dari aku kecil bapak udah langganan majalah basa jawa, jadinya ya lumayan ngerti diksi-diksi yang begitu-begitu. sing durung ngedong sing ndi iki jeng? hehehe

      Delete