Tuesday, August 25, 2015

Jamane Wis Edan

Jamane wis edan
Rebutan panggaotan lan kapitayan

Jamane wis edan
Wong wadon mrana-mrene mung kotangan

Jamane wis edan
Jamane bapa tega ngrudhapeksa anak prawan

Jamane wis edan
Bayi-bayi dibuwang kayadene larahan

Jamane wis edan
Korupsi, kolusi, lan nepotisme sumebar sakparan-paran

Jamane wis edan
Wong cilik dadi pangewan-ewan

Jamane wis edan
Panguwasa gembelengan turut dalan

Jamane wis edan
Alas-alas dibabat digawe pomahan

Jamane wis edan
Para hakim wis ora kuwawa njejegake keadilan


Nadiah
Yogya, 25 Ag 2015

Dog-Dog


Cah, sumpah ya aku dina iki kangen ngeblog. Pengen nulis apa ngono, nanging sakbenere ora duwe idhe. Sebenere ana sih idhe, kepengin nulis “perjuangan skripsi”, tapi kuwi tema sing tabu je. Jare si mas sineas muda kancaku KKN kae, permasalahan sing terjadi sing menyangkut tentang skripsi kuwi cukup awake dhewe lan Gusti Allah ae sing ngerteni, dianalogikan karo ngibadah ngono. Makane kepenginan nulis nganggo tema perskripsian kuwi mau luwih becik tak-reschedule sik wae. Ngenteni Pak Dog-dog—ora saru tur wagu ta cah jenenge?—dodolan kwetiau. Oh ya wingi aku SMS Pak Dog-Dog, takok dodol ora. Balesan SMS-e marai pengin mbrakot tela sakkulit-kulite. Lha mosok ya,
Aku : “Pak, hari ini jualan enggak?”
Pak Dog-Dog : “J”
Ha maksude apa jal? Aku meh ngulu idu ae rasane angel maca balesan SMS-e kuwi mau hehehe. Ngasi ndelok keyboard HP, huruf “J” kuwi luwih cedhak karo huruf “G” apa “Y”. Asumsine sih Pak Dog-Dog males ngetik njuk mung bales sakhuruf. Lan jebule loro-lorone ora!! Huruf “J” malah luwih cedhak karo huruf “H” lan “K”. Aku ngasi mumet, mikir sejatine Pak Dog-Dog kuwi lagi kedanan tebak kata sing nganggo clue kae apa piye. Njuk aku meh mbalesi “?”, eh ora ngasi semenit wis ana SMS mlebu meneh. 
Pak Dog-Dog: “Libur”
Ealah pak, ngasi le mikir ruwet tibake mau kepencet ta. Lagi eling sih, HP-ne Pak Dog-Dog iku HP Nokia tipe kawak sing batune kuwat nggo ngomong pirang-pirang jam—ngasi lambemu ndlower kaya ngemut neker sakember—sing keypad-e rung qwerty.
Kudu mbokngerteni, kwetiaune Pak Dog-Dog kuwi enake ngudubilah. Ngasi yen menawa ana mas Rio Dewanto lewat ngarep omahku ae, aku wis ora sempet ngingeti merga kedanan karo rasa kwetiaune Pak Dog-Dog. Pokoke yen bar mangan kwetiaune Pak Dog-Dog, mesti inspirasi-inspirasi anyar teka, ngalah-ngalahi lehmu tapa mbedhongkrong nang wese kae. Piye ra hebat? Mula lehku ngenteni Pak Dog-Dog dodolan kuwi ancase aku ben gek entuk inspirasi anyar. Ben tema “perjuangan skripsi”-ku kuwi mau packaging-e luwih apik, basane luwih soft lan sing penting ora nyinggung kaum-kaum sing awake ngasi dadi lunglit gara-gara dhuwit nggo mangan dialihke nggo tuku kertas sakrim mben minggu nggo nggarap revisi hehehe.
Jane mbiyen aku karo mbak Fanny ngasi ngitung-itung lan ngira-ira omzete Pak Dog-Dog kuwi pira. Iki ora tanpa sebab. Takcritani mula bukane sik ya. 
Ndhisik pas jaman aku dadi maba ngasi taun keloro, Pak Dog-Dog entuke dodolan kuwi ngubengi komplek kos-kosan. Ora kaya saiki sing settle. Mbiyen, dekne saben bar maghrib wis mangkat, biasane tekan kosanku wis jam 9/10 wengi ngono nanging sok-sok ngasi jam 11. Mangmula isa dibayangke, mangan kwetiau jam yahmono terus bablas turu kamangka lehku tuku kwetiau 1,5 porsi, kepiye awak ora saya lemu tur ababe mambu hehehe. Nah saiki wis ngerti ta asal-usule pertambahan berat badanku sing pas maba mung 46 kg njuk saiki sakmene tur ora mudhun-mudhun? Wis takomongke sakdurunge yen saka aku mlebu taun keloro, Pak Dog-Dog wiwit ana owah-owahan. Kene ngirane dagangane Pak Dog-Dog kukut, merga ngasi pirang-pirang minggu ora dodol mubeng. Biasane paling pol le prei dodolan mung seminggu. Rasane sedih banget, ngrasa kelangan lah pas kuwi. Nanging sruwing-sruwing krungu pawarta yen Pak Dog-Dog saiki dodole ora mubeng maneh, nanging magrok nang protelon cedhak warung burjo, udakara 500 meter saka kosanku. Oh ya iki padha penasaran ora jane asal-usul jeneng Dog-Dog kuwi saka ngendi? Jane aku ya ora weruh sapa jenenge asli, soale pancen wonge rada misterius ngono. Pak Dog-Dog kuwi  umure kira-kira 35-nan munggah. Entuke isa entuk paraban Pak Dog-Dog kuwi amarga yen pas mubeng dodolan mbiyen karo nuthuk kenthong sing unine “dok-dok-dok” ngono kae. Aku karo kanca-kanca kos pungkasane yen nyeluk Pak Dog-Dog. Yagene ora Pak Dok-Dok? Amarga mbiyen lagi booming yen nulis SMS “enggak” dadi “enggag” lan sapiturute hehehe. Balik menyang crita itung-itungan bathi karo omzet Pak Dog-Dog. Pak Dog-Dog iku yen alat-alat utamane mung modhal grobak, kompor gas, wajan siji, erok-erok, lan sothil. Saksuwene magrok nang protelon kae, dheweken ya ora nggawe warung tendha apa piye ngono, dadi uwong-uwong sing tuku ya le mangan nang omah. Nanging aja mbokkira sepi pelanggan ya, soale aku nate entuk antrian nomer 10, kamangka olehku teka jam 8 wengi tur kuwi aku wis SMS Pak Dog-Dog dhisik. Tobil tenan kok pancene, lehku ngenteni ngasi meh sakjam. Soale aku tau ngitungi pirang menit Pak Dog-Dog entuke masak kuwi mung watara 5 menitan. Sakliyane dodol kwetiau goreng lan godhog, dheweke uga dodol sega goreng, mie goreng, bihun goreng, lan capjay. Rata-rata bumbune kuwi mung bawang digeprek terus digangsa, micin, bumbu misterius sing bentuke kaya lenga klentik nang botol, uyah, kecap, lan saos . Aku ngasi nggumun sakumur-umur kok, masakane kuwi ueeenaaak puoool. Nah merga modhale ya mung kaya ngono mau tur ora ngingu karyawan, aku nduga yen sesasi Pak Dog-Dog isa ngesaki bathi telung yuta luwih. Rega kabeh panganan 10 ewu, nek saka observasi sing taktindakake suwene pirang-pirang taun, setugel wengi (saka jam 7 ngasi 11 wengi) entuke dodolan isa payu ngasi 40 bungkus. Bathi sakbungkuse yen didelok saka bahan-bahan sing dinggo, transport nang pasar, gas, lsp, isa ngasi 3000 rupiah. Setugel wengi isa entuk 400 ewu, bathine 120 ewu lah yen sesasi kari ngepingne 30, bathine telung yuta nem atus ewu! Welok tenan. Ngalah-alahi gaji PNS golongan III. 
Nah cah sok-sok aku mikir, pancen bener ya surasane unen-unen "ora ubet ora ngliwet". Angger uwong gelem usaha, mesti  ya entuk rejeki. Kaya Pak Dog-Dog iku, direwangi ngasi ngulandara menyang Jogja ninggal anak-bojo nang Temanggung, betheke mung kepengin ngupaya boga. Muga-muga lancar rejekine Pak!

Monday, August 24, 2015

Sakit Hati

Hari ini aku sakit hati
Berharap segera sadar diri

Hari ini aku sakit hati
Karya jauh dari apresiasi
Apakah aku gila dipuji?

Hari ini aku sakit hati
Tapi aku masih mampu berpuisi

Hari ini aku sakit hati
Karena hidup tak melulu hepi-hepi

Hari ini aku sakit hati
Semakin bingung menentukan orientasi

Apakah aku harus seperti makhluk tanpa hati, untuk melanjutkan mimpi?