Monday, January 18, 2016

Good Bye!

You know, I love drawing very much because I like to express what I feel and what I imagine in that way. When someone start (too much) controlling me, I may lose my creativity (and identity). 

Wandu

Aku duwe wadag lanang, nanging jiwaku wadon
Aku wis suwe duwe gegadhangan suntik silikon 
Lan dadi pegawe salon
Nanging ngasi seprene durung kelakon

Sabendina ibu ngundamana sinambi mecuca-mecucu
Ngarani yen aku dudu lanang, nanging wandu
Bu, apuranen yen aku saksuwene iki sesidheman nganggo gincumu
Pak, apuranen yen tindak-tandukku ketara wagu

Aku sakjane sedhih yen nyawang awakku nang kaca pangilon
Dhadhaku rata tanpa ana plenuke sepasang "balon"
Aku uga kepengin duwe jeneng singlon
Wis wegah maneh yen diceluk Jojon

Aku luwih seneng yen diparabi Mona
Ora suwe maneh aku bakal ngulambara
Wis ora kuwat urip kebak sandhiwara
Pak, Bu apuranen aku yen wis gawe cuwa

Yogyakarta, 19 Januari 2016

Tuesday, January 12, 2016

Sawijining Dina ing Perpustakaan


 Halo! Ini artikel pertama di tahun 2016. Cerpen ini saya buat di pertengahan Desember 2015 kemarin, saya ikutkan lomba tapi emang belum rejeki. Daripada mubadzir, lebih baik dimasukin blog aja kan? Hehehe. Selamat membaca! Hidup Bahasa Jawa!!
******
Minggu esuk kang endah. Srengenge sumunar padhang kencar-kencar, langite katon biru resik. Ocehe sato iberan sing pating cruwet nambahi regenge swasana. Aku lagi wae tangi turu nalika mbak Ratri-mbakyuku-wis rampung korah-korah piring saktumpuk undhung. Aku pancen lagi dolan Yogya kanggo ngenggar-enggar ati mumpung isih akeh wektu lodhang sakwise Ujian Nasional. Aku kepengin banget ngubengi kutha Yogya sing wis kawentar engga tekan njaban rangkah iku. Ya pisan-pisan ben weruh padhange hawa amarga lagi sepisan ndhil iki aku napakake sikil ing kutha. Maklum wae aku pancen bocah saka desa kluthuk, paribasan adoh ratu cedhak watu. Eh kok malah dadi nglantur. Aku kudu ndang melu tandhang gawe resik-resik kamar kos, yen ora gelem digebyur banyu korahan.
Awane mbak Ratri ngajak aku menyang salah siji perpustakaan ing kutha Yogya. Jarene mbakyuku sing pancen duwe klangenan maca buku kuwi, dheweke arep golek bahan kanggo skripsi. Sakjane aku males banget, wis dolan adoh-adoh menyang Yogya bar-barane mung diajak menyang perpustakaan. Gek apa daya pamilut saka sawijining perpustakaan? Mesthi isine mung buku thok. Njelehi lan malesi. Aluwung aku turu nang kos utawa nonton drama Korea. Nanging sakabehing panggresah mau ya mung takbatin thok lan  takkipatake adoh. Yen ngasi kawetu, aku wedi kuwalat karo wong sing luwih tuwa. Hehehe.
Tekan parkiran, aku mudhun saka sepedha motor isih kanthi ulat peteng. Nanging bareng tekan njero perpustakaan, aku mung isa ndomblong! Kanyatan sing ana beda adoh karo sing ana ing angen-angenku. Aku dadi isin dhewe, karang ya bocah saka gunung menung-menung sing kurang pengalaman. Aku nuli diajak ngubengi perpustakaan ngasi kemput wiwit saka lantai 1 tekan 3. Mbakyuku wis persis kaya tour guide ngono kae.
Perpustakaan kanthi arsitektur kuno sing isih katon pengkuh iku kabagi dadi pirang-pirang ruangan. Ana sing kanggo maca lan rapat, ana uga ruang multimedia. Akeh banget pokoke  ngasi aku ora apal. Buku-bukune uga tumata rapi, mratandhani yen karumat kanthi becik. Oh iya sing paling gawe cingak yakuwi ana gazebo sing dikupengi taman endah ing ngarep lan mburi gedhung. Jarene mbak Ratri gazebo iku dicawisake kanggo pengunjung sing mung kepengin nongkrong utawa nggarap apa ta apa amarga nang kono uga sumadya fasilitas free wifi.
Sawise sesi orientasi perpustakaan, mbakyuku ngajak menyang lantai 2 sing nyumadyakake buku-buku kasusastran. Maneh-maneh aku nggumun setaun. Ora kaya jaman SMA biyen sing nggoleki buku nang perpustakaan sekolah wae kudu clilengan ngasi sirah ngelu. Ing kene kari nulis judul buku utawa jeneng pengarang ing katalog online. Yen buku sing digoleki ana, data buku awujud nomer inventaris lan panggonane ing rak ngendi bakal metu! Dhuh biyuung, jan ndesit tenan ya aku?  
Sawise buku-buku sing digoleki ketemu nuli tumuju menyang ruang baca. Mbak Ratri milih panggonan rada pojok sing  manggon ing cedhak cendhela. Aku ya mung tut wuri. Takematke mubeng, pranyata ing kene AC-ne ana telu, mangmula hawane adhem njekut marakake kepengin mancal kemul. Sinambi rada liyar-liyer aku maca buku sastra sing ngamot crita romantis-tragis...
***
Mbuh piye mula bukane, wong lanang bagus gagah pidegsa sing ngadeg ing sakcedhake rak buku ilmu sosial iku mandheng aku kanthi sorot mripat kang tajem. Aku dadi rada kecipuhan, grogi yen istilahe bocah jamanku. Aku mung mesem karo manthuk, dheweke melu mesem lan marani panggonanku lungguh. Wong bagus iku ngelungne tangan ngajak salaman, genahe ngajak kenalan.
“Juna. Pepake Arjuna,” sumambunge karo sepisan maneh mesem, saya ngatonake ngganthenge. Jenenge cundhuk karo pawongane, wong iki pancen nyata duwe daya pamilut linuwih.
“ Rina,” aku nanggepi kanthi cekak aos. Pancen takjarag, ben ketok rada jual mahal sithik lah. Hehehe.
Sanajan kanthi klesak-klesik, si Juna sing takkira kalem jebul akeh omonge. Kawruhe pranyata jembar, dheweke uga seneng karo kasusastran Jawa. Ora maido amarga dheweke mahasiswa tingkat 2 jurusan Pendidikan Bahasa Jawa. Aku uga kandha marang dheweke yen kepengin kuliyah ing jurusan Sastra Jawa. Dheweke malah menehi referensi kampus ngendi wae sing ana jurusan Sastra Jawane. Aku dadi sansaya kasengsem.
Entuke jagongan saya gayeng, nanging suwe-suwe ora kepenak yen ngasi ngganggu liyan sanajan ta manggon ing pojokan. Pungkasane aku karo Juna pindhah menyang gazebo. Ing kono panggonane luwih jembar lan ora prelu rikuh yen omongan rada seru, apamaneh yen karo guyonan.
Sanajan lagi sepisanan ketemu, akeh sithik Juna pancen wis kasil narik kawigatenku. Juna oh Juna, awakmu wis nggawe cah wadon kaya aku ketaman wuyung. Mula nalika dheweke njaluk nomer hapeku, aku uga tanpa tidha-tidha menehi. Pokoke anane mung sengsem lan seneng.
Mbuh wis pirang jam entuke jagongan pating glenik, pungkasane dheweke pamit bali dhisik. Sanajan rada kagol, aku nguntapke dheweke metu saka regol perpustakaan. Nalika dheweke nyabrang dalan gedhe, dumadakan ana bis mlayu banter saka kiwa. Si sopir bis sajake ora duwe kalodhangan kanggo ngidak rem, wusanane anggane Juna lan sepedha motore ditampani bis, nuwuhake suwara jumlegur. Kedadeyane cepet banget, aku mung isa njerit sora celuk-celuk dheweke. Dumadakan mak pet! Aku semaput. Ora eling purwaduksina.
***
Aku gragapan nalika awakku dihoyog-hoyog mbak Ratri. Aku lega, jebule kadadeyan mau mung impen. Isa-isane tengah awan ndandrang ngene, ing perpustakaan ngimpi nggegirisi. Jarene mbakyuku, wiwitane aku turu ngasi ngorok senggar-senggur sajak angler, mula dijarake wae menyang dheweke wong pas kuwi lagi sepi uga. Suwe-suwe aku malah nglindur ah-uh celuk-celuk jeneng uwong karo tanganku sraweyan ngundang kawigatene wong-wong sakcedhakku. Aku isin banget lan langsung ngajak mbak Ratri mulih.
Sakdawane dalan mulih, aku nyritakake kabeh kedadeyan sing takalami nang alam impen mau. Sajake aku kesengsem karo crita romantis-tragis ing buku sing takwaca mau lan ngasi kegawa dadi impen. Mbak Ratri malah mung njegigis, aku dadi sebel nanging ya pungkasane melu ngguyu.
Tekan kos-kosan wewayangane Juna isih katon ngegla. Impen ing perpustakaan mau awan pancen nabet nang ati. Aku janji sesuk bakal menyang perpustakaan maneh. Sakliyane kasengsem karo buku-buku wacan ing kono, sapa reti kepethuk cowok kaya Juna tenanan. Ya sapa reti ta? Hehehe.