Yen aku bisa mbiwarake warnaning rasa, mesthi ora mung abang, biru, utawa klawu sing kawetu..
Wednesday, February 21, 2018
Monday, January 15, 2018
Teroris
Waha** sesat! Teroris laknat! Wong-wong kuwi mbengok pating braok kebak pangigit-igit
Amung amarga aku nganggo clana cingkrang kanthi jenggot ngrembyah tumeka dhadha
Hahaha pancen dagelan temenan
Aku nyawang saktleraman rai-rai kebak kanepson tuding-tuding menyang prenahku
Babarpisan ora nyana amarga klambi aku kena persekusi
Ing atase karo padha-padha manungsa kok mentala tumindak durjana
©NLS
Yogyakarta, Januari 2018

Subscribe to:
Posts (Atom)