Monday, January 15, 2018

Teroris

Waha** sesat! Teroris laknat! Wong-wong kuwi mbengok pating braok kebak pangigit-igit
Amung amarga aku nganggo clana cingkrang kanthi jenggot ngrembyah tumeka dhadha
Hahaha pancen dagelan temenan
Aku nyawang saktleraman rai-rai kebak kanepson tuding-tuding menyang prenahku
Babarpisan ora nyana amarga klambi aku kena persekusi
Ing atase karo padha-padha manungsa kok mentala tumindak durjana



©NLS
Yogyakarta,  Januari 2018