Wednesday, January 23, 2019

PNS-ASN

Atusan ewu wong
Saka saindenging tlatah Indonesia
Niba nangi rebutan lungguh ing kursi abdi negara
Pepinginane mung siji :
Nyenengake penggalihipun tiyang sepuh!
Sanadyan ora cundhuk klawan kareping ati



Sragen, January 2019





Monday, January 7, 2019

OKB


Orang Kaya Baru
Sithik-sithik pamer yen bar tetukon piranti weton terbaru
Upload foto pecuca-pecucu mejeng ing ngarep omah anyar sing umure lagi genep seminggu
Asring ngojahake bandhane sing jare ora bakal entek dipangan anak-putu
Sesumbar yen bubar nglencer nyabrang samodra pitu
Ngelak, pengen diakoni yen dudu maneh ewoning wong kesrakat sing ora kuwat tuku ayam betutu!



inspired by a real story~

Sragen, January 2019