Monday, April 20, 2026

Bunted

Wanara-wanara memba pandhita

Pating clingkrik mlumba ing sakndhuwuring singgasana

Gumuyu renyah kembul bojana andrawina

Lali kabeh nestapaning para jana

Eluhing jelata nyata tanpa rega

Sithik wae ora nyenggol pangrasa

Titenana..

Takumbulake reroncening donga-donga

Wujud pangresahing kaum sudra

Muga nembus dumugi langit kasanga

Saengga leren lehmu adigang adigung adiguna