Saturday, September 26, 2020

Sarujuk

Gendera putih kumlawe ing langit candhikala
Pratandha kawula sarujuk marang kersaning sing memba Kresna
Pangrasa wis dudu sing utama
Ora lumrah ngojah warasing jiwa
Ngabekti, nuladhani langkahing si Durna
Nuruti ajaran nalisir si manungsa dremba
Amarga nerak paugeran ateges duraka
Kasumpah karma urip kadya ing dhasaring neraka