Thursday, September 28, 2017

GESTAPU

(GE)ger ing 1965, akeh kala memba rupa dadi bala
(S)iji mbaka siji janma ilang musna, ora sithik sing ditemokake wis dadi kunarpa
(T)anpa bukti, lumrah tuding-tinuding kadidene gedibale *KI
(A)ngel yen nedya selak, sanadyan pisan wae ora nate nyanak
(P)ara jagal sing kasil dadi wakiling Hyang Yamadipati
(U)tang atusan ewu nyawa marang anak-turun sing ora mudheng apa-apa


Yogyakarta 29092017
©NLS

Friday, September 1, 2017

Rohingya

Rohingya, sedulur nunggal kapitayan ing negara sabrang. Ora nate ngrasakake enak-kepenak sakliyane urip  kebak panandhang. Hmm..endi suarane aktivis HAM sing adate pating braok nalika nyumurupi sawijining prastawa sing ngungkung kamardikan? Iki bener-bener perkara wigati amarga kambon sikep anti-kamanungsan. Nawa-sat-nawa kudu enggal purna. Genosida kudu enggal sirna. Ya Allah, Gusti Ingkang Mahakuwaos. Amung saking pitulungan Panjenengan, Rohingya saged uwal saking bebaya. 


Wonogiri 02092017
©NLS