Sunday, January 26, 2014

Kaget

Aku wis ora kaget
Yen ta kowe dremba mangan dhuwite andhahanmu, ngumbar hawa nepsu
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe ngrusak pager ayu, nguja kekarepaning setan
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe munasika pepadha, ditulung menthung
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe wis dadi pawongan rai gedheg, mrana-mrene ngagungake kuwasa, semu!
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe wis nyamudana sakabehing crita, sakabehing lelakon
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe seneng mblenjani janji-janji, pancene turah lambe
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe kagulung banjir, kentir, lan modar kentekan hawa, pancene ngundhuh pokal gawe
Aku wis ora kaget
Yen ta kowe nekad lampus dhiri, pati kang nemahi sliramu wis udu bab kang wigati
Kowe, kowe, kowe, lan kabeh sedulurmu tunggal babon
Becike pancen musna saka lumahing bumi, diuntal kewan alas apadene kecemplung kawah mongah-mongah
Kabeh bakal mangayubagya, keplok-keplok parisuka!


Wonogiri, 26 Januari 2014


No comments:

Post a Comment