Monday, April 28, 2014

Pirsanana Putu-Putu Panjenengan, Mbah

Geguritan iki dakgawe nalikane aku melu lomba maca geguritan ing pengetan Dies Natalis UGM kang kaping-64 sasi Desember 2013 wingi. Nanging amarga ana tugas kuliah, aku wurung melu lomba kasebut(Hla njuk terus piye cuk?) Hahaha.



Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah
Sandhang panganggone sarwa gumebyar, ngumbar wewadi kang kudune tansah disingidake kanthi premati

Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah
Sing lagi kembul bojana adrawina, ngrahabi maneka warna jajanan saka negara manca, sarwa mirasa, nanging wis ora tepung karo thiwul apamaneh sega megana

Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah
Apal sakabehing tembang landa, nanging mung bisa pecuca-pecucu nalika ngumandhangake Indonesia Raya

Pirsanana putu-putu panjenengan, Mbah
Akeh sing wis padha lali purwa duksina, lali sakabehing pituturing wong tuwa

Keli kentir dening ilining banyu kamardikan, ora preduli budaya bangsa sing kagerus rodhaning jaman

No comments:

Post a Comment