Thursday, September 12, 2013

Kapitu


Ketiga dawa kang nuwuhake memala
Pupus jati  mrantak kagawa panasing bayu kang tumiyup alon
Lemah-lemah cengkar ing karang padesan
Kobong merga sumeleting sang bagaskara
Cindhil-cindhil tanpa wulu kang kelangan biyunge, mati njedhindhil ing antaraning damen garing
Kekes
Kapitu ing mangsa bedhidhing kang kuwawa nyebar pepati




Jogja, 12092012

N.Lukita Sari

No comments:

Post a Comment