Monday, May 23, 2016

Aku Wis Edan

Aku wis edan
Nalika wong-wong nandhang cuwa, aku malah ngguyu cengengesan
Nalika wong-wong wis mikirke rabi, aku malah kepengin saklawase legan
Aku wis edan
Sabendina kebanda ora bisa uwal saka pancengkremane kahanan
Sabendina ethok-ethok sampurna adol kapinteran
Aku wis edan
Dengki srei karo apa sing diduweni liyan
Apa sing takpikirke geseh adoh karo kanyatan
Aku pancen wis edan

Aku Kepengin Mati

Aku kepengin mati, apa ana sing saguh mbiyantu?
Mati dudu perkara kang gampang kanggoku
Ngelingi yen isih ana wong-wong sing nresnani aku
Ngelingi utangku isih ana pirang-pirang ewu
Ngelingi yen amalku durung cukup kanggo sangu
Ngelingi wong tuaku mung duwe anak aku
Ngelingi dosa-dosa kang bakale ngrendhetake laku
Ngelingi yen panguripanku kayadene wadag tanpa nyawa, kaku
Aku kepengin mati, apa ana sing saguh mbiyantu?