Saturday, May 1, 2010

Joko Kendil Golek Jodho


Paraga :


  1. Andhika Della Permana Putra dhapuk Joko Kendil (sabar, isinan, pasrah, culun)
  2. Arif Kunto Adi Yuwono dhapuk Joko Pamungkas (kemaki, pedhe, usil)
  3. Arinda Puspitasari dhapuk Pramudia Wardhani (centil, cerewet)
  4. Nadiah Lukita Sari dhapuk Mbok Hindun (sabar, pangerten, tresna marang putrane)
  5. Sri Suparmi dhapuk Pramudia Wardhana (lembut)
  6. Tito Ekasunu dhapuk Krisna Mukti ( kemaki, pedhe)
  7. Triyogo Reko Pamungkas dhapuk Bupati (wibawa, wicaksana)
Tema : Katresnan
Alur : Alur maju
Babak I
Ing jaman semana, ing sawijining desa aran desa Kentrung, ana mbok randha sing duwe anak jenenge Tom Cruise. Ujaring kandha, Tom Cruise durung palakrama sanadyan umure wus ndungkap seprapat abad. Ora amarga ora payu, nanging amarga ora ana sing gelem. Tom Cruise kondhang kanthi rupane kang ala, saengga dheweke ajeg dadi geguyon dening warga desa lan dheweke diarabi Joko Kendil.
Esuk kuwi Joko Kendil mloka-mlaku sinambi nggawa kurungan manuk ing plataran omah, Krisna Mukti ngepasi dolan menyang ngomahe..
Joko Kendil : Hemm...kapan yo aku duwe bojo?! Isa ngrasakake suwarganing donya...hehe..mendahna seneng atiku.
Krisna Mukti : Ana apa ta Ndil, kad mau kok omongan dhewe kaya wong ora genep?? Kowe wis kepengin rabi ta?! Mbok coba nglamar Siti Nurgaya putrane Pak Kosim bakul tahu kupat tangga desa kae!
Joko Kendhil : Iya, aku pengin banget cepet duwe bojo Muk, nanging kepiye maneh, ora ana sing gelem karo aku je. Siti Nurgaya iku sing ndi ta Muk? Kok aku durung tau weruh?? Ayu ora? Nek ora kaya bintang sinetron Luna Maya wegah aku...
Krisna Mukti : Halah, kae lho, sindhen sing kondhang kaloka kae, mosok kowe durung tau weruh? Jare simbokmu seneng banget ngrungokne uyon-uyon, dadine klop yen kowe rabi karo Siti Nurgaya..
Joko Kendhil : Badalaaa...kae ta?? Waduh, kok tega temen kowe karo kanca ta Muk?? Ujaring kandha umure prawan iku wis 39 taun. Luwih pantes dadi simbokku Muk!
Krisna Mukti : Hahaha...aku mung saderma ngeki saran nggo kowe kok Ndil, Sori bro...
(Joko kendil meneng)
Mbok Hindun : Thole cah baguuus kowe nang ngendi Le?? Iki lho kayune wis meh entek.
Krisna Mukti : Kuwi lho diceluki simbokmu, mbok disauri. Oh ya aku pamit mulih dhisik!
(Joko Kendil malah terus ngalamun ora nggagas omongane Krisna)
Mbok Hindun : Oalah Lee...jebule nang kene ta! Tiwas takgoleki nyang kandange si Burik, yen diceluki wong tuwa ki mbok ya nyauri! Ben simbok ora bingung!
Joko Kendil : Wonten menapa ta Mbok njenengan niku?
Mbok Hindun : Iku lho, kayu nggo masak wis entek, mula gek ndang golek! Aja gur ngalamun terus! Dadi wong enom kok ora kreatip!
Joko Kendil : (ngrayu ) Mbok...Mbok...kapan nggih kula gadhah bojo?? Sing saged mijeti kula, saged ngrewangi panjenengan. Mboookkk...kula pengin kawin..hi..hi..kula sampun ngupaya melu kontak jodoh, take him out, nanging....ah mbok, njenengan ngertos piyambak..mboten wonten ingkang purun kalih kula....
Mbok Hindun : Wis ta Le, sing sabar, mengko yen wis titiwancine, mesthi kowe ketemu jodhomu. Gusti iku Maha Adil. Wis ta, percaya karo Simbok!
Joko Kendil : Nggih mbok, nanging ngantos kapan? Ngantos kiyamat??
Mbok Hindun : Hush! Disabar-sabarke ta Le..wong sabar iku ditresnani dening Gusti. Wis gek mangkat kana, selak awan!
Joko Kendil : Nggih, kula bidhal riyin...
Mbok Hindun : Iya, sing ngati-ati ..
Babak II
Esuk kuwi, kabeh warga desa Kentrung kumpul ing alun-alun. Kabeh padha pengin reti apa kang dumadi ing kana, kalebu Mbok Hindun sing lagi wae saka pasar age-age mulih saperlu ngabari Joko Kendil..
Mbok Hindun : (mlayu sinambi nggeret Joko Kendil )
Joko Kendil : Mbok, enten napa ta ? kok kula njenengan geret kados sapi mawon..
Mbok Hindun : Wis gek ayo mara menyang alun-alun. Ana wara-wara. Kabeh warga wis padha mrana. Kayane ana bab kang wigati. Si Mukti mau ya wis mrana, wis gek ayo ndang mangkat!
Joko Kendil : Si Paijo dereng dipakan niku, pripun Mbok? Niku sampun embak-embek mbrebegi kuping.
Mbok Hindun : Ealah bocah! Rasah mikir wedhusmu kuwi! Mengko tak ngarit! Wis gek ndang budhal!
(Ing Alun-alun )
Bupati : (sinambi nuthuk kenthongan ) tok..tok..tok..
Joko Kendil : Iki ana wara-wara apa ta ?
Krisna Mukti : Gosip-gosipe Bupati arep mundhut mantu Ndil...
Joko Kendil : Waah...kesempatan iki !!(mesam-mesem sumringah)
Krisna Mukti : Halah, lagi ngono wae wis kumat!
Joko Kendil : Ssst..kae wis meh diwiwiti!
Bupati : Bapak, Ibu, Bulik, Paklik, Mbah Kakung, Mbah Putri, lan sedherek-sedherek sekaliyan, Wara-wara!! Tumrap para pemudha kang isih jaka ting-ting, ana kabar apik tumrap sampeyan sedaya. Aku golek mantu kanggo putri-putriku sakloron. Pramudia Wardhana lan Parmudia Wardhani. Nanging ana syarate, yaiku : 1. isih jaka ting-ting, tegese durung tau rabi 2. umur durung ndungkap setengah abad 3. duwe sikil, eh nyuwun ngapunten, maksudipun gadhah skill utawa keahlian 4. warga desa Kentrung 5. mbayar biaya pendaftaran 5 rupiah, kudu dibayar cash . Pendaftaran setengah jam meneh, lan bakal ditutup jam 12 awan.
(Bupati nuli miyos saking mimbar lan tumuju menyang wisma kabupaten)
ing sacedhake alun-alun ana 3 pemudha kang isih ngadeg sinambi ngobrol ngalor ngidul
Joko Kendil : Ayo gek ndaptar Muk! Selak ditutup ki!
Krisna Mukti : Eh, kowe sidane melu Ndil?? Tenanan ora?! Kowe aja guyon! (setengah ora percaya)
Joko Kendil : Ya iyalah, lha ngapa ta??
Joko Pamungkas : Ha..ha..ha..kowe melu?? Ora salah ???? kowe duwe modhal apa, wani-wanine melu sayembarane Bupati?? Mbok ya ngilo, rupamu wae kaya Mastur ngono kok!! Gur bandha nyali kowe?!!
Joko Kendil : Lho?? Sing penting, nggon wara-wara mau, rupa ora dadi perkara . apa aku salah??
Joko Pamungkas : Yo genah salah, ngono wae ndadak takok! Jan bocah kok lemot!
Krisna Mukti : Ngene lho Ndil, yen dilogika apa ya mungkin Bupati ngersakake mantu sing duweni rupa ala?? Sori sakdurunge, nanging mbok ya kowe ki ngrumangsani.
Joko Pamungkas : Iya bener kui kandane si Muk-muk, eh sopo jenengmu?! Hehe..rupa kaya kowe kok arep melu sayembara, mesthi kalahe!!
Krisna Mukti : Iyo, wis becike kowe mulih wae, ngopeni si Paijo karo si Burik, katimbang kowe gela ing mburi..
Joko Kendil : Niyatku wis gilig, aku ora gigrig ngadhepi kowe kabeh! Sing penting aku ora ngganggu kowe-kowe. Ayo saingan sing jujur gelem ora??
Krisna Mukti & Joko Pamungkas : Siapa takut??
Babak III
Dina sing dienten-enteni wis teka, ing pendhapa kabupaten para pemudha saka saindenging tlatah Kentrung teka saperlu ngestreni sayembara.
Bupati : Apa kowe kabeh wis siyap? Aja nganti sayembara iki gatot, gagal total!! Putri-putriku, apa kowe kabeh wis siyap?
P.Wardhana : Inggih Rama, kula sampun siyap.
P.Wardhani : Kula nggih sampun mboten sabar Rama.
Bupati : Sukur yen mangkono..
P.Wardhana : Nanging Rama, kinten-kinten ingkang badhe dados garwa kula samangke kados menapa nggih?!
Bupati : Sing sabar putriku, mengko bakal diseleksi.
P.Wardhani : Yen aku mbakyu, sing nggenah, kudu dhuwur, putih, (sinambi mesam-mesem), pokoke ala-ala ora dadi perkara. Ya paling ora seukuran Brad Pitt apa Elijah Wood ngono lah. .
Bupati : putri-putriku, aja mbiji pawongan mung kanthi pawadan rupa, sing wigati atine resik..
P.Wardhana : Inggih Rama..
P.Wardhani : Kula sampun mboten sabar Rama, kok mboten age-age dipunwiwiti?
Bupati : iki ya meh diwiwiti..(bupati nuli nuthuk kentongan) tok..tok..tok..sayembara diwiwiti ..peserta kapisan, saka kutha Adhem Kentrung, putra Pak Lurah Kentring. Duwe kebon teh 8 hektar, sapi Brahman 3 kandhang,.....Krisna Mukti....
(Krisna Mukti nuli maju ) peserta kapindho iki wis kondhang kaloka ing tlatah Kentrung, jaka bagus putranipun pengusaha tahu paling sugih saka tlatah Atas Kentrung, yaiku Joko Pamungkas...
Joko Pamungkas : Nyuwun pangapunten kanjeng Bupati, kula badhe nepangaken riyin identitas kula dhumateng putri-putri panjenengan, supados langkung jelas mekaten..
Bupati : Oh, ya entuk-entuk wae
Joko Pamungkas : Matur sembah nuwun Kanjeng Bupati, Dhik Pramudia Wardhana kaliyan Dhik Pramudia Wardhani, cekak aos kemawon, nami asli kula Joko Pamungkas Haryo Wibowo Mangku Langit, rama kula asmanipun Raden Ngabehi Sosrotahu, pengusaha tahu ingkang sukses lan nggadhahi 10 cabang pabrik ingkang sampun sumebar ing saindenging tlatah Kentrung. Eyang kula satunggaling priyayi ingkang kawentar ing tlatah Kentrung punika. Panjenenganipun gadhah 4 hektar kebon mbako. ..lan..
(P.Wardhana lan P.Wardhani bisik-bisik, katone kepranan marang Joko Pamungkas)
Bupati : Wis cukup Joko Pamungkas..
Joko Pamungkas : Oh, inggih Kanjeng Bupati, nyuwun pangapunten menawi radi dangu,,,
Bupati : Yawis ora papa, ..lan iki peserta paling bontot. Sawijining pemudha kang dakbiji paling nekat kang melu sayembara iki..yaiku Joko Kendil .....(Joko Kendil maju sinambi mesam-mesem)
Joko Pamungkas & Krisna Mukti : Huuuu...
P.Wardhani : Ya ampun Gusti...sinten niku Rama?? Rupinipun ala sanget?? Kok tiyang owah pikiripun saged mlebet tumut sayembara?? Ih, wis kucel, kudisen, nggilani uwong! Ajudane ora pecus!
P.Wardhana : Sampun dhik, uwong kuwi uga nduweni hak kanggo melu sayembara iki..
Bupati : Wis..wis..
Watara 3 jam ngantu-antu, pungkasane, ditetepake sapa kang bakal dadi mantune Bupati Kentrung, para pamudha dikumpulake maneh..
Bupati : Sawise nimbang lan milih, mula dakputusake sapa sing bakal dadi mantuku. Kanggo putriku Pramudia Wardhani bakal dakmantu karo Joko Pamungkas, dene putriku Pramudia Wardhana karo Krisna Mukti. Lan kanggo Joko Kendil, aku ngaturake panuwun amarga wis melu sayembara iki..sabanjure sayembara dipungkasi...
Bupati lan kaloro pasangan kasebut nuli ninggalake Joko Kendil dhewekan ..
Joko Kendil : Oalah nasiiiibbb-nasiiiibb..kaningaya temen nasib awakkuu..golek bojo kok angele kaya ngene..duh Gusti nyuwun kekiyatannn..(sinambi kekosehan ing lemah)


2 comments:

  1. Aku jaman SMP pemain ketoprak
    manggung ping 2, perpisahan sekolah karo hari jadi Pati :D

    Berperan sebagai Sunan Kudus hahaha

    ReplyDelete
  2. ya ampuun mas manuu ganas sekaliiiii :')

    ReplyDelete