Thursday, July 19, 2012

Dudu Geguritan


Ing sakndhuwuring lemah garing
aku ngantu-antu tumetesing bun
punjering panguripan
Ing sakngisoring pereng watu ireng
Aku ngantu-antu pletheking sang bagaskara
Pepadhang jagad

Muga-muga ing tintriming wengi kang atis iki, Kang Murbeng Dumadi enggal paring pitulungan. Duh Gusti, kawula namung nyuwun gesang. 


***

Candhik ala, candhiking bethara Kala
Mangsa bocah bocah lola tanpa dosa
Candhik ala, jumedhul mbarengi pletheking surya
Ngincim para pemudhi pemudha panerusing bangsa




Wonogiri, 20 Juli 2012







No comments:

Post a Comment