Sunday, March 17, 2013

Kembang Saroja

Kembang sarojaku
Mataun-mataun, tansah takjaga, thukul ngrembuyung
Sanajan sumlengete sunar srengenge kala-kala kuwagang  ngobong sliramu
Nanging kanthi sisaning daya, kembangku tansah mekar, nyebar gandha wangi ngambar-ambar

Kembang sarojaku,
Senajan bola-bali dipethik,
Nanging sliramu tansah semi, mranani ati

Kembang sarojaku,
Iki pepesthening wektu
Ora mung takpethik kembangmu, nanging wit sakoyotmu kudu musna saka blumbang omahku
Iki dudu pepenginanku
Iki dudu kekarepanku
Aku mung saderma nglakoni
Pepesthen kang nyata wis ginaris

Kembang sarojaku,
Yagene kudu sliramu sing dipeksa mati?

Mataun-taun, wektu kang cukup suwe
Ora mung kaya umuring jagung, rong sasi telung sasi, bar kuwi panen, lan mati saklawase


Ngayogyakarta
Ngarepake surup, 17 Maret 2013

No comments:

Post a Comment