Friday, June 21, 2013

Ngaso

Mlaku tumuju panggonan kang padha, saben wektu
Amung kekancan ayang-ayang lan pedhut kandel ing dalan kebak kerikil 
Ayang-ayang kang tansah ngetutke laku, amung dheweke mitraku.
Mitra sejati?
Sing ilang ing tengahing wengi lan bali jumedhul bareng pletheking srengenge.
Aku mung bisa mesem.
Pait!


He mitraku, ayang-ayang ! Aku kabotan nyunggi watu iki
Watu ireng sakndhas kebo
Ndhas kebo sakgunung anakan.
Yagene sliramu amung meneng tanpa gunem?
Tanpa sabawa, tanpa ukara.
Ngadeg,  nyawang, karo ngguyu kalegan.


He mitraku, ayang-ayang ! Tulung gentenana nyunggi watu iki
Semenit, rong menit.
Kareben aku bisa ambegan landhung.
Mangertia, dalan-dalan sing dakpecaki isih dawa.
Ringkihing raga iki ora butuh kawigatenmu
Aku mung kepengin.....NGASO !






Yogyakarta, 21 Juni 2013
Ing tengahing wengi kang kekes,


Nadiah Lukita Sari

No comments:

Post a Comment