Tuesday, October 1, 2013

Ayang-ayang

Bali tumoleh marang ayang-ayang kang tansah ngetutke laku
Malangi sikil kang wis rekasa jumangkah, ninggal lelakon lawas
Apa panjalukmu?
Srengenge  wis teka ngancani aku, nanging yagene sliramu tansah ngrendheti jangkahing suku?
Ing wayah ratri tanpa cahyaning purnama, yagene sliramu ngadoh tanpa sabawa?
Apa panjalukmu?
Yagene sliramu tansah ngreridhu nala, rikala rujiting jiwa wis kinemulan bagya mulya?

Yagene sliramu tansah ninggal cuwaning pangrasa, rikala ati bali tinarbuka?


Yogyakarta, 1 Oktober 2013

No comments:

Post a Comment