Thursday, October 10, 2024

PETRUK DADI RATU

Jumeneng ing Negara Mulwarengka, jejuluk Prabu Belgedhuwel Beh

Si Petruk Sang Raja sing sugih mblegedhu nanging rakyate dhedhel dhuwel kabeh

Omongane ora kena digugu, kayadene ndilat idu sing wis dilepeh

Polahe ora kena ditiru, sarwa grusa-grusu ora nate sareh

Watake gumedhe, ati lan pikiran adoh saka sumeleh

Samubarang amung nggugoni hawa nepsu, sarwa dumeh lan luweh

Kayadene kacang lali lanjarane, ora wedi yen bakale bisa keweleh


Wonogiri 10102024


No comments:

Post a Comment