Wednesday, January 23, 2013

Nunggu



Nyawang saktleraman, kembang-kembang mlathi mekar ing taman
Anane mung rasa kapang tanpa esem kalegan
Dampyak-dampyak bocah-bocah angon mlaku turut pategalan
Ninggal tlapak kang musna nalikane kesiram banyu udan
Aku ijen ngenteni ing kene, ngenteni  tekane paraga gagah pideksa  bali saka paran
Dina, minggu, sasi, taun, ngasi kapan?







that's a kind of poem written in Javanese language. Usually called "Geguritan". Not cool? I don't even care :p

No comments:

Post a Comment