Thursday, May 9, 2013

Dadia Nanging Aja

Dadia konang kang madhangi petenging wengi
Aja dadi wereng kang dimungsuhi kadang tani

Dadia kembang kang ngresepake pandulu
Aja dadi kemladeyan kang nuwuhake kapitu

Dadia kertas kang nyimpen sakabehing prastawa lumaku
Aja dadi geni kang ngobong sakabehing rasa kurmat marang guru

Dadia Kamaratih kang tansah setya marang Kamajaya
Aja dadi Banowati kang nyidrani tresnane sang Duryudana

Dadia sujanma kang tansah eling prentahing Gusti
Aja dadi durjana kang nyebar pepati ing lumahing bumi 




Yogyakarta, ing antaraning  pedhut kandel
9 Mei 2013

No comments:

Post a Comment