Thursday, May 9, 2013

Failure

Nresnani watu inten kang katon gumebyar, kebak daya pamilut
Amung kaendahan lan kaelokan kang nuwuhake pangeram-eram
Lali sangkan paraning dumadi
Pranyata dimar kang madhangi jagadmu wis mati
Endahing lintang panjer rina ing pucuking kartika wis nora bisa kawistara
Amung panasing geni kang kumawa nylomot pangrasamu, ngelingake purwaduksina
Duh Gusti nyuwun pangaksami

No comments:

Post a Comment