Friday, September 18, 2026

Kobong

Keluk putih kemebul saka sela-selaning wit kang ngrembuyung
Geni mubal, mawa abang mbranang sakngisoring lemah gambut
Sato kewan mlayu salang tunjang, niba-nangi golek rahayu
Tanpa swara njaluk pitulung
Tanpa mangerteni sapa sing kuwawa nyebar pepati
Ambegan krasa abot ing tengahing panasing hawa, kinupeng agni
Wasana jiwa kumleyang ninggalake raga sing wis awujud awu

Wonogiri, 18 September 2026
Dedicated to all voiceless souls who have lost their homes









No comments:

Post a Comment