Saturday, August 4, 2012

Nadiah Lukita Sari


Karena akhir-akhir ini gue lagi lancar merangkai kata2 pake Bahasa Jawa, tadi siang gue bikin geguritan lagi. Tiba-tiba aja ada ide make nama panjang buat bikin geguritan. Okelah, nggak usah bertele-tele, cekidot!

Netra kang bening lindri-lindri iku, sumorot tajem ngemu wewadi, kumembeng waspa
Aclum guwayamu, tanpa greget
Dina-dina kawuri kang kebak kaendahan
Isih ngegla katon cetha wela-wela
Ananging kabeh musna tanpa tilas, tanpa lari
Hambuuuhh,,,Aku ora mangerteni apa kang saktemene dumadi

Lakuku kandheg, njegreg.
Udan grimis riwis-riwis tumiba sakjroning dhadha
Kenthang kimpuling perkara aku ora mangerteni, aku wis kandha bola-bali!
Iki kabeh dudu salahku. Rumangsaku.
Tanpa swara, sliramu tumoleh.
Angluh

Sepi
Ajarana aku maca sakabehing ukara kang ora kawistara
Rasa lan tembung kang ora sempet kawetu
Iki tekadku kanggo mbalekake esemmu

No comments:

Post a Comment