Saturday, December 31, 2011

Yuki, Sing Sabar Ya!



BRAK! Yuki mbanting lawang kamare kebak kanepson, awak kuru kang isih nganggo seragam putih-abu-abu iku dibanting ing kasur paturon. Ora gantalan suwe, tangise ambrol. Nanging sengaja disarawidekake ing suwaliking bantal. Tumrap cewek kanthi rambut lurus sakpundhak iku, omahe wis malih dadi neraka.
Wis ora kapetung maneh, kaping pira dheweke mbanting lawang, lan embuh wis pirang liter banyu bening kang tansah diwetokake saka mripate kang sipit. Mung amarga perkara kang padha! Ing sela-selaning tangise kang isih mingseg-mingseg iku, dheweke kelingan lelakon kawuri...
Yuki dilairake kadidene anak ragil. Dheweke nduweni kangmas sing 4 taun luwih tuwa tinimbang dheweke, jenenge Yugi. Saksuwene 5 taun, ing pawitan uripe dina-dina krasa endah kebak kabagyan. Cewek kanthi pakulitan kuning langsep iku kaya-kaya ngrasakake menawa dheweke dadi anak kang paling beja ing salumahing bumi amarga nduweni sakkabehe, wong tuwa kang nresnani dheweke kanthi kebak asih lan kakang sing gemati marang dheweke.
Nanging kabagyan kuwi ora langgeng. Perkara-perkara wiwit teka ing tengah-tengahing kaluwargane. Yuki cilik wis wiwit ngerti. Prawan kencur kui uga takok marang kakange, apa sing sakbenere dumadi. Nanging Yugi kang seneng badminton kui malah nggendhong dheweke tumuju menyang gudhang lan ngakon dheweke nutup kuping rapet-rapet. Kadadeyan kuwi dumadi bola-bali, lan kakange uga bola-bali ngakon dheweke singidan ing gudhang sinambi nutup kuping rapet-rapet.
Nalika Yuki umur 9 taun, dheweke wis mudheng yogene mbiyen kakange nggawa dheweke ndelik ing gudhang. Ya, supaya Yuki ora ngrungokake  padudon antarane bapak lan ibune. Nanging ing wektu kuwi cewek kanthi jeneng pepak Yukita Hana iku durung weruh sebab-musababe geneya wong tuwane kerep padu. Dheweke mupus, luwih becik nglalekake kedadeyan kang njalari atine sedhih kuwi katimbang ngeling-ngeling kang tundhone mung nganggu sekolahe.
Pangeling-elinge Yuki bali mecaki prastawa 5 taun kepungkur. Ngepasi dheweke isih lungguh ing kelas siji SMP. Ing wektu kuwi dheweke lagi ujian unggah-unggahan.
Cewek kalem iku isih eling, dina kuwi dina Minggu esuk. Dheweke lagi sinau ing kamare, amarga sesuk jadwal ujianne rada angel, yaiku Fisika. Lagi pirang menit dheweke mbukak buku, krungu suwara ribut-ribut saka kamar jejere, kamar bapak-ibune. Amarga pengin ngerti apa sing sakbenere dumadi, Yuki nguping. Jebule Bu Retno, ibune Yuki, wektu kuwi krungu bojone lagi telpun karo pawongan sajak nyalawadi, katitik anggone omong-omongan kaya disingidake saka Bu Retno. Ibu peputra loro kuwi sujana, amarga suwara ing sebrang telpun pranyata suwarane wanita mudha. Bu Retno banjur nakokake bab iku marang sing kakung kanthi ngati-ati, kuwatir nyenggol rasa pangrasane kakunge. Nanging Pak Sahrul sing pancene nduweni watak kang gampang kebrongot kanepson, kanthi suwara bantas lan sora nggetak-nggetak sisihane, lan ngundamana entek amek kurang golek. Bu Retno uga ora kalah sora olehe ngundamana kakunge. Keprungu uga suwara bala pecah kang dibanting kanthi kasar.
Yuki sing ngrungokake padudon iku atine kelara-lara, perih, lan sedhih. Wis ora kabendung maneh, luhe tumetes deres, nelesi pipi kang dekik iku. Nanging dheweke ora ngerti kudu tumindak kepiye. Dheweke ora tahan ngrungokake ukara-ukara kasar kang kawetu ing satengahing perang bharatayuda kuwi. Yuki mlayu metu saka ngomah tumuju kebon mburi. Jebule ing kono wis ana kakange sing lungguh ing pinggir blumbang lele kanthi panyawang kothong. Mripate Yugi isih ketara abang, kaya wong bar nangis. Cewek manis kuwi durung tau weruh kakange sedhih ngasi kaya ngono.
Alon-alon,Yuki nyedhaki kakange, Yugi kaget merga kadenangan adhine. Pemudha kanthi jeneng pepak Yuniko Yugi iku ethok-ethok makani lele lan mesem sumringah marang adhine wadon. Yugi nyingidake panalangsane atine saka Yuki. Sanadyan Yuki wis ngerti menawa Yugi saksuwene iki karanta-ranta kaya dheweke. Dheweke mung bisa ndonga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi supaya kaluwargane bali ayem tentrem kaya mbiyen.
Yuki kelingan prastawa sing mentas kedaden, nanging  tangise Yuki wis rada lerem, dheweke nggrantes. Saiki, kakange wis wani brontak. Yugi wis kaya ora kuwawa yen kudu sabar terus.
Mulih sekolah mau, saktekane ngomah, Yuki krungu kakange ngaruh-aruhi Pak Sahrul kanthi suwara rada dhuwur. Mahasiswa semester akhir jurusan akuntansi kuwi pancen mbelani ibune, amarga bapake dianggep akeh lupute sakwise kabukten duwe wanita simpenan. Lan lagi wae Pak Sahrul ngomong menawa nduweni sedya arep mengku wanita kuwi kadidene bojo kalorone. Sing luwih marai kaget maneh, wanita kuwi ora liya tanggane dhewe kang aran Mbak Niar. Ora lidok, Yugi gethem-gethem ngrungokake pangakonane bapake mau. Kanthi kanepson kang wis sundhul mbun-mbunan, Yugi nyuntak sakabehing uneg-uneg kang seprana-seprene dirasakake kadidene anak kang tansah krungu wong tuwane regejegan terus lan ora tau peduli marang pagrasane anak-anake. Yugi ngancam bakal minggat saka ngomah menawa Pak Sahrul ora medhot sesambungane karo Mbak Niar. Pak Sahrul katon lingsem lan kedhuwung, nanging ora ngomong apa-apa. Bu Retno ngrangkul kenceng putra mbarepe iku lan njaluk pangapura amarga ora kasil dadi wong tuwa kang bisa dadi tuladha tumraping putra-putrine.
Yugi njaluk bapake supaya sumpah bakal ninggalake Mbak Niar ing sangarepe dheweke, adhine lan ibune. Nanging Pak Sahrul ketara isih rangu-rangu, ora kumecap. Yugi wis ora kuwagang ngendhalekake kanepsone, dheweke nuli menyang kamar lan nglebokake sakabehing pakeyan ing sanjerone tas ransel gedhe. Bu Retno nangis gero-gero, ora kuwawa nyandhet lakune anake lanang. Ujug-ujug..
BRAK! Yuki mbanting lawang kamare kebak kanepson, awak kuru kang isih nganggo seragam putih-abu-abu iku dibanting ing kasur paturon. Ora gantalan suwe, tangise ambrol.

6 comments: